-
SOAL ESAI
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Welinge Simbah
dening: Murti Andayani
Saiki jaman milenial
Tembang manca padha apal
Kosok balene, macapat ora kenal
Budaya adiluhung dha ditinggal
Biyen sanggar padha gayeng
Saiki kabeh meneng anteng
Biyen karawitan, kethoprakan, wayangan dadi karemenan
Ning saiki, ora ana sing gelem latihan
Ngger, anak putuku
Rungokna welingku
Budaya Jawa iku adiluhung, kudu tansah disengkuyung
Aja nganti suwung, mundhak salin lumbung
Kae delengen!
Wong manca malah luwih tresna
Turis-turis padha gladhen kanthi tlaten
Kepencut marang budaya Jawa
Kang banget endah lan kebak surasa
Sepisan maneh, rungokna welingku
Aja lali mring budaya kang adiluhung
Murih ora salin lumbung lan tetep disengkuyung
kapethik saka buku antologi geguritan Pinanggih Ariyasa
46. Adhedhasar geguritan kanthi irah-irahan "Welinge Simbah" anggitane Murti Andayani ing ndhuwur, coba jlentrehna
pesan moral sing dimaksud panggurit sajrone geguritan kasebut kanthi nggunakake basamu dhewe! Jlentrehna kanthi
rinci lan gamblang!
47. Adhedhasar gegurritan ing ndhuwur, golekana tuladha tembung aran, tembung kriya lan tembung kahanan! Saben
tembung wenehana 2 tuladha.
48. Ukara ing ngisor iki saline kanthi nggunakake aksara Jawa!
b) iki topiku
a) aku turu, bapak sare
49. Ukara-ukara ing ngisor iki salinen kanthi nggunakake Krama Inggil!
a) Ibu tuku gula rong kilo
b) Mbah Karti mangan sega goreng
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Yen kepengin dadi mulya
Aja nganti pisan-pisan maneni
tembung Dzikir lan Khotbah duweni aran
Mring dhawuhe para guru
Satuhu den estokna
c) Pak Dhe Burhan nginep rong dina
d) Bapak lara untu
Apa dene mring sakabehe pitutur
Tansah eling-elingana
Sarta uga dilakoni
50. Jlentrehna pesan moral kang kinandhut jroning tembang ing ndhuwur!