-
Sinom
Ambeké kang wus utama
tan ngêndhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sasolahé kudu bathi,
pintêré dèn alingi,
bodhoné dinèkèk ngayun,
pamrihé dèn inaa,
mring padha-padhaning janmi,
suka bungah dèn ina sapadha-padha.
2.
Guru gatrane tembang Sinom ing dhuwur ana pira?
b.
a.
Coba tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur!
Sapada tembang Sinom kasebut, bakune surasa nyritakake babagan apa?
d. Adhedhasar tembang Sinom kasebut, coba tulisna cirine wong utama loro wae!
C.
Bu guru
Keparengna kula marak sowan
Kula putra panjenengan
Sungkem pangabekti kula aturaken
Kalawan andhaping manah sinarengan kembenging waspa
Kersaa ibu paring agenging pangapunten
Dhumateng tumindak kula ingkang kirang santun
Kirang mranani, boten trapsila
Jalaran wekdal semanten
Kula taksih nem
Cupet ing nalar andhap ing pangertosan
3.
a. Pethikan geguritan ing dhuwur nyritakake antarane sapa karo sapa?
b Tembung kang cinithak miring ing geguritan kasebut, kagolong tembung apa?
C. Pethikan geguritan ing dhuwur isi bakune nyritakake babagan apa?
d. "Cupet ing nalar, andhap ing pangertosan" gatra geguritan kasebut, maksude kepriye?
4.
Ukara ngisor iki tulisen mawa aksara Jawa!
a. Sapa kang jujur bakal makmur.
b. Sapa teteken tekun bakal katekan tekade.
5.
Ukara ngisor iki salinana mawa tulisan latin!
a.
b.