-
-
Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limolas taun
Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget
amarga mirsani sesawangan sing edi neni Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu,
polahe trengginas, lan kulite awarna mas, Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat
nggodha ati. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen,
Sinta hyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama
uesia banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake
panyuwune Sinta.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku
Lesmana.
"Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana,
keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ningggalake
Sinta dhewekan."
"Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-
atos kangmas," mangkono ature Lesmana.
Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan
tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng
dhedhet suasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan,
saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing,
kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus
awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta
Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging
alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.
Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang
keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene
Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta
ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan
tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake
kupinge Lesmana.
"Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng
sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas
35
75
...
"Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula
lila dak kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi
kangmbok Sinta kagungan panganggep kados makaten dhateng kula."
"Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel
wates kangge kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika
kangge kawilujengan amargi kangmbok kula tilar piyambakkan."
Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora
ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa
aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase
dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang
keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan
garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga
Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana
njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 21/22
33